Selasa, 18 Juni 2013

Sardot kui si bocah ndeso lan katrok... Bocah enom paling anteng nang kampunge... mulo ikhu Juminten seneng karo Sardot Sardot karo Juminten iku wes kekancan lan kenal suwe... Seiring jaman maju lan berkembang modern... Juminten ora pengen ketinggalan koyok kanca2ne seng wes podo pacar2an koyok nang acara ftv (sinetron) nang Tipi kae Singkat crito,.. Juminten pengen 'Ngomong Tresno' nang Sardot.. Sardot ntraktir Juminten rawon gendruwo.. (maklum.. Sardot sering bokek mergo isih dadi nom2an nganggur) ... hihi Juminten : awake kekancan wes suwe yow bro?? Sardot : iyoo... Konconan seko sdjaman umbel2en sampek saiki Jum Juminten : hihi.. iyoo... langsung wae aku pengen crito bab ikhi yow.. suwe aku kenal awakmu... aku... Sardot : nopo jum ?? Juminten : Aku tresno karo awakmu Sardot ; hah.. temenann?? beneran?? Juminten : hu'um *Karo Nyisir Poni* Sardot : nak ngono podo Jum ! Aku yo tresno karo kowe Juminten : ih.. cowok ancen cupu awakmu kwi Dot.. kok dadak aku seng nembakk.. (pipine abang) Sardot : *Isin* Juminten : Mulai Saiki dewe resmi pacaran yo...! Sardot : ahhh... tapi Jum.. pacaran!? waduh.. Juminten : hah.. opo kwe gak gelem dadi pacarku?? opo enek wong liyo?? opo mergo setatusmu ekonomi kwi awakmu nolak aku?? Sardot : hihi... ojok nesu nah..akuwong lanang gak pantes ngeluh karo keadaan.. ngertio.. aku yo seneng karo awakmu.. tapi aku emoh dadi pacarmu! sepurane! Juminten : (ekspresi kecewa) lho.. nopo Dot? po aku kurang ayu ngunu!!??? (nangis broken heart) Sardot : ayu kok! Wong kampun iki sopo seng ora kenal awakmu... Juminten : Lha terus??? Nopo nolak aku ? Sardot : ngene Jum.. yo ora suwe aku ngaji tapi aku Sinau seneng nang awakmu ki mergo Gusti Allah.. Mulo kwi aku gak wani pacaran mergo pacaran dudu syari'at agomo... Ora kesel ustadz ndungo marang murid2e supoyo murid2e slamet khususe soko jenenge zina lan dalan2 seng jerumuske nang zina... seng saikhi soyo rame menjalar nang cah enom2!!! Zina Kui dalan hina busuk lan dihinakan, ahli neraka yang berjalan diatas bumi adalah salah satunya pezina.. mending awake sahabatan wae nah.. Sahabat seng saling ngajak lan ngelengne marang kebagusan...awake dewe iseh enom.. kangge aku.. masa enom paling pas digawe sinau agomo, ngrumat lan memperluas tali sillaturrahim seng iso nggo modal urip bahagianang masa dewasa lan masa tuwone awake dewe sukk.. Yen wes titi wancine lan gusti maringi Ridlho, aku bakal njaluk awakmu apik2 marang wong tuwomu sesuai aturan agomo.. mugo awake dewe dadi golongan kang slamet Jum.. Juminten : hiks..hiks... *ngelap umbel* Amiin... (nyuwek tisu gulung) Sardot : neng awakmu kudu janji nang awakmu dewe! Kelak yen ono uwong luweh apik tinimbang aku seng iso gawe uripmu luwih mulyo lan wong tuwamu luwih ridlho... ojok akal2 memaksakan kehendak lho yo! po maneh nyoba nenggak bay*gon.... Elingo tresno ora kudu nduweni.. yen awake dewe bener2 jodo.. ra ketemu nang ndunyo sesuk nang akhirat bakal bersatu.. Juminten : *Neglapi Luh Seng Netes Neng Pipi,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar